Forum Kita
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.

fang2 Usul

Go down

fang2 Usul Empty fang2 Usul

Post  Admin Mon Feb 08, 2010 1:59 pm

Copral Laughing
Halo semua (lagi Very Happy)

sori, biasa iki nek bengi lagi pinter, sekedar pemikiran wae iki bab 'reuni mini'.

donge sing penting malah spirite. lha buktine sing ning jakarta wae ra tau ketemu kok hahahaha selain do sibuk n omahe adoh2, nggon kerjo adoh (eh orak ding, aku n siulan cukup cedak, belakangan sok ketemu), lagi ora mood, bane kempes, lagi bokek (aku), kucinge loro - eh dudu! kuwi mah tonggoku, dll dll dll.... yo maklum, jenenge menungso kabeh iso dadi alasan hihihi

nek ngaranku sing penting yo niate wae. nek cen niat ketemu yo gampang wae telp, sms, email opo langsung wae parani. tapi cen kuwi sing angel tenan jebule. aku dewe nek dong pengen dolan ning siu lan tapi panas kae yo males je. hahahaa (sori lan - ra popo mumpung durung gabung emaile tak ngaku sek hihihi).

opo meneh mbayangke medun seko trans jakarta kae langsung disambut belasan paparazzi alias tk ojek... wah soyo males tenan. mbayangke numpak taxi, macet n dadi larang. mbayangke numpak ojek, mambu. mbayangke numpak pit, wedi ketabrak... wah tambah lengkap. sori, aku cen hobi mbayang2ke hehehe

sekedar pengalaman pribadi sih hihihi... mulane aku ketoke angkat tangan nek dikon dadi koordinator ning kene - ge er tenan hahahaa... sori iki usulane wahmi cs... mungkin swani luwih cocok lah.

masalah liyane aku ketoke ra cocok dadi perencana, lha berencana ketemu ambang wae ketoke wis berbulan2 ra kedaden kok... merencanakan nggo awakku dewe wae ra sukses2 opo meneh ngerencanake nggo wong liyo.

opo meneh aku juga moody, nek misale bar telpon njuk do ra gelem, mood ku langsung ilang kae..lha njuk terus kesane ra bertanggungjawab tho? nek dikon mekso yo iso sih, tapi ngko melanggar HAM, kan serba salah.

mulane, aku melu wae, pokoke tak dukung wis semua rencana, nek perlu ide tak sumbang. tapi ojo ditiru kabeh kebiasaanku mau. kids, don't try those at home! pokoke.

bye!!!!
07-01-2009
Admin
Admin
Admin

Jumlah posting : 36
Join date : 07.02.10
Age : 53
Lokasi : Temanggung, Indonesia

https://copral.indonesianforum.net

Kembali Ke Atas Go down

Kembali Ke Atas

- Similar topics

 
Permissions in this forum:
Anda tidak dapat menjawab topik